The Best Traffic Exchange
Home » » ATUR PASRAH TEMANTEN

ATUR PASRAH TEMANTEN


Atur Pasrah Panganten Kakung
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Panjenenganipun bapa Subur Cahyono dalah ibu Sri Sayekti sakulawangsa ingkang dhahat kinurmatan, para sesepuh pinisepuh ingkang satuhu kinabekten, para manggalaning praja dhusun Koripandriya ingkang tansah sinudarsana, saha para rawuh kakung sumawana putri ingkang satuhu luhur ing budi. Saderengipun sumangga kula dherekaken tansah memuji ngarsa Gusti Ingkang Maha Welas, ing pangajab mugi kula lan panjenengan sadaya tansah kaparingan wilujeng widada nirhing sambikala. Amiin.
Minangkani pamundhutipun bapa Winarto Anjar jejer pangraciking adicara pahargyan wisuda kramaning pinanganten, kaparenga kula pun Bayu Lelana sumela matur minangka sesulih saha talanging atur panjenenganipun bapa Sasmita Adi dalah ibu Sarimpi.  Inggih awit saking bombonging manah bapa Sasmita Adi dalah ibu Sarimpi boten kuwawi matur ngarsa panjenengan sadaya.
Ingkang sepisan bapa Sasmita Adi dalah ibu Sarimpi ngaturaken salam taklim konjuk ngarsa panjenenganipun bapa Subur Cahyono dalah ibu Sri Lamisih sakulawangsa sumrambah para rawuh sadaya. Mugi sowan kula sapangombyong saged handadosaken rinaketing pasedherekan luhur.
Kaping kalihipun, sarehing lampahing adicara panggih pinanganten enggal tumapak minangka pepeking pahargyan, pramila kaparenga kula masrahaken pinanganten kakung katur panjenenganipun bapa Subur Cahyono dalah ibu Sri Lamisih. Linambaran kencenging dedonga mugi pahargyan dhauping pinanganten sarimbit, nuwun inggih rara Endah Arumingtyas putri bapa Subur Cahyono dalah ibu Sri Lamisih sinandhing dhimas Jalu Wicaksana putra panjenenganipun bapa Sasmita Adi dalah ibu Sarimpi ingkang mijil saking Kuryokalangan, sageda tumapak kathi rancag nirhing sarkara-kara. Dhumateng pinanganten sarimbit mugia saged amangun kulawarga ingkang sakinah mawadah warohmah netepi kekudanganipun ngasepuh.
Makaten atur kula minangka sulihing bapa Sasmita Adi dalah ibu Sarimpi, mbok bilih wonten atur ingkang sajak kirang damel suka renaning penggalih, saestu kula nyadhong rumentahing pangaksama. Nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Jika Anda menyukai Artikel di blog ini, Silahkan klik disini untuk berlangganan gratis via email, dengan begitu Anda akan mendapat kiriman artikel setiap ada artikel yang terbit di A.M.R'S BLOG

0 komentar:

Post a Comment

@@@@@TERIMAKASIH ATAS KUNJUNGAN ANDA@@@@@
ANDA BEBAS MENULIS KOMENTAR , YANG PENTING SOPAN...
@@@TERIMA KASIH@@@

 
Support : Copyright © 2014. A.M.R'S BLOG by MAJIDCHAN - All Rights Reserved